ActionFraud - National Fraud & Cyber Crime Reporting Centre - Call 0300 123 2040

Javanese

Javanese

Deleng aksine ‘Action Fraud’ ngonangi tumindak jahat

Yen sampeyan nate dadi korban kejahatan, sampeyan bisa nglaporake menyang ‘Action Fraud’ – minangka pusat laporan kejahatan Inggris. Sampeyan bisa nglaporake tumindak jahat arupa apa wae menyang ‘Action Fraud’ yen sampeyan ana ing Inggris, yen kejahatan iku kedadyean ing Inggris, utawa yen kejahatan mau ana gandheng-cenenge karo Inggris lan kedayean ing sesambungan on-line.

Yen sampeyan ora bisa ngomong cara Inggris, utawa yen Inggris dudu basa ibu sampeyan, kita nduweni layanan sing menehi sampeyan kesempatan nglaporake tumindak jahat mau nganggo basa sampeyan.

  • Telepon +44 300 123 2040.
  • Telepon sampeyan bakal dijawab dening petugas kanthi cara Inggris. Sampeyan kudu ngomong menyang petugas mau babagan basa apa sing sampeyan gunakake.
  • Sampeyan bakal dijaluk nunggu sawetara penerjemah dihubungi. Iki bisa mbutuhake wektu sedhelok, dadi aja ditutup. Yen penerjemah ora ana sing sumadiya, sampeyan bakal dijaluki nomor telepon lan ana petugas sing bakal nelepon sampeyan yen penerjemah wis sumadiya.
  • Nalika penerjemah wis kesambung karo sampeyan liwat telepon, deweke bakal nakoni saperangan pitakonan kanggo nglengkapi laporan sampeyan. Siapake uba-rampe cathetan sing gegandhengan karo laporan sampeyan, dadi sampeyan bisa njawab kabeh sing ditakokake.

Jalur sing kabuka:
Senin - Jumat: 8.00 s/d 20.00.

Telepon: +44 330 123 2040.
Textphone: +44 330 123 2050.

Related articles